Senin, 10 Juli 2017

Cletak - Cletuk

Pada suatu hari aku lagi nyantai - nyantai di teras rumah....
Ku dengar percakapan dua orang si A dan si B
Kata si A : B piye tandure lagi wayah apa...?
Si B : Lagi wayah mapak anak setengah wulan maning ta lekas wetengan cilik...
Si A : Nyemprote nggo obat apa ?
Si B : Nggo obat abasel sing stengah liter sing regae     satus rongpuluh kah di campur karo pupuk daun cair...
Si A : Obat semprote larang - larang ya A..? 1/2 liter 120 ewu... sing saliter 210 larang pisan..
Si B : Ya iku wong tani ta wis mengkonon... panen dadi ya angger rugi apa maning panene bli dado ... coba bae pikiraken segala - gala rega pada larang... contoe tagihan listrik nanjak... bensin nanjak gas elpiji nanjak.... durung biaya modal nyawa durung go tuku orea, obat semprot lan sejen- sejene . larang kabeh..
Tapi giliran kita wong tani panen hargo padi mlorotttt crot ...jelas - jelas merugi nasibe wong tani...
Sejen para pegawai negri harga - harga sembako larang ngomong ning atasan minta gaji naik...
Tapi giliran kita segala gala larang ya tetep bae rugi.... coba pikir maning ...
Si A : iya ya... pari regae nanjak setitik bae langsung impor sing luar negri... kapan wong tani untunge....?
Si B : ya wis angger pusing ... kopie di siprit dikit.... hehehe

Selasa, 04 Juli 2017

Obrolan waktu istirahat

Pada suatu hari di bawah sebuah pohon yang rindang,
Ada dua orang petani, pak Somad dan pak Sampid
Pak Somad : mpid priwe tandure...? Waras tah....?
Pak Sampid : mbuh mad wis di semprot pirang-pirang balen masih angger bae pada mlesek....
Pak Somad : Nggo obat apa sih mpid......?
Pak Sampid : Ya kaen si kah sing rega rong atus punjul kah.... tapi masih twtep bae masih pada abang...
Pak Somad : Iya ya mpid obat mah larang-larang regaw uh... tapi giliran kita (wong tani )adol hasil panen regae plepes....mencret....
Pak Sampid : Dadi enake priwe mad...?
Pak Somad : Ya embuh mpid...pusing rang mah mikiri tandur luh......
Pak Sampid : ari kita wong tani baka arep koripsi... korupsie ning sapa mad...?
Pak Somad : ya aja korupsi sih mpid...dadi irae luh pengen korupsi..? Toli korupsie ning sapa apa sing arep di korupsi....?
Pak Sampid : iya ya mad....angel maning bae ya...? Baka lagi susah ku susah bae....
Pak Somad : ya wis mad bagen lagi susah gah... sing penting kita kudu eling karo Gusti Awloh... bokat kita lagi di coba karo kesusahan nyawah lagi bli dadi... ya kudu sing ihlas.. endah sing korupsi ya endah.. ko gah oli karma... sing penting kita dedonga muga-muga sing koripsi pada eling... kita sing nyawae bli dadi... taun kien ya dadi.. oli akeh hasil panenane... iya ora mpid...
Pak Sampid : iya mad amiiinnn